Gathutkaca Raja Pringgondani
Putra Bima Panenggaking Pandawa
Sang ibu asma Arimbi
Nggegana tanpa suwiwi
Ontokusuma kotang pribadi
Dikdaya kepati – pati
Satriya berbudi luhur
Eyang ira Pandu Dewanata Raja
Ngastina dunung ira Sang Aji
Bekti setya pra kawula
Bima putra nilar Pringgondani
Arsa nglurug perang lawan Kurawa
Madeg dadi senopati
Tanding surya putra aji
Taksih kadang rama ira pribadi
Satriya mondroguna sekti
Senjata kunta keris agung
Gathutkaca oncat perang
Nggegana tanpa katon diri
Wusana seda ing rana
Karangan : MTH.Munarti

0 comments:
Post a Comment