Inggal mlampah kereta Joko linunjul
Kathah kang ndhereke sami
Dhampyak – dhampyak lampahipun
Kadya pengaten kairing
Kereta lumampah alon.
Arsa sowan dhateng sultan kang linuhur
Dhawuhipun kalampahi
Kalesanan sedyanipun
Putra mantune sang aji
Gegayuan saged klakon
Karangan : MTH.Munarti

0 comments:
Post a Comment