Kaanan ora karuwan
Gawe kisruh mring sesami
Salah siji gawe akal
Liyane padha ngrombyongi
Perlune nduweni melek
Kadugen wekasanipun
Namung dede kersa Allah
Langkung sae dicegahi
Pados marga
Utama lan wicaksana
Uripe tanpa katresnan
Nuruti dhiri pribadi
Ninggal rasa kamanungsan
Njarah rayah seneng ati
Nadyan iku ora becik
Kaleksanan sedyanipun
Nanging sanes berkah Allah
Mila kedah dipun dukani
Ngudi cara
Adil lan tata raharja.
Karangan : MTH.Munarti

0 comments:
Post a Comment